Ringkesan cerita
Ringkesan cerkak "Durung Jodhone"saka majalah Jaya Baya Judul : durung jodhone Penerbit : Jaya Baya Tahun terbit : November 2014 Ringkesan : Anik brintik, yaiku jenenge cah wadon kang lagi jatuh cinta. Nanging nganti anik SMP ora ana tandha-tandha yen Anik duwe pacar. Bareng wis SLTA bapake Anik ngerti yen Anik wis duwe pacar. Jeneng pacare yaiku Andre, ibune Anik takon ing ngendi omahe Andre?. Banjur Anik njawab yen omahe Karangsemi, putrane Pak Darno lan Ibu kasmi penggaweane dadi petani. Krungu omahe ing karangsemi ibune nglarang Anik amarga yen bocah lanang rabi ngalor-ngulon bakal ora becik dadine. Anik takon contohe apa yen ora becik. Sutaji penjaga SD sing rabi kalihan cah Pehserut omahe ngalor-ngulon. Nanging Sutaji nekad akibate oleh rong wulan dadi manten Sutaji kecelakaan amarga ketabrak sepedha motor. Seta...