Ringkesan cerita

Ringkesan cerkak "Durung Jodhone"saka majalah Jaya  Baya

Judul : durung jodhone
Penerbit : Jaya Baya
Tahun terbit : November 2014
Ringkesan :

            Anik brintik, yaiku jenenge cah wadon kang lagi jatuh cinta. Nanging nganti anik SMP ora ana tandha-tandha yen Anik duwe  pacar. Bareng wis SLTA bapake Anik ngerti yen Anik wis duwe pacar. Jeneng pacare yaiku Andre, ibune Anik takon ing ngendi omahe Andre?. Banjur Anik njawab yen omahe Karangsemi, putrane Pak Darno lan Ibu kasmi penggaweane dadi petani.  Krungu omahe ing karangsemi ibune nglarang Anik amarga yen bocah lanang rabi ngalor-ngulon bakal ora becik dadine. Anik takon contohe apa yen ora becik. Sutaji penjaga SD sing rabi kalihan cah Pehserut omahe ngalor-ngulon. Nanging Sutaji nekad akibate oleh rong wulan dadi manten Sutaji kecelakaan amarga ketabrak sepedha motor.
            Setaun sawise Anik pedhot karo Andre Anik duwe pacar maneh. Jenenge Usman banjur ditakokake marang ibune.  Ndlalah dina pasaran pacare Anik podo kalihan Anik yaiku rolas. Ibune ngendhika yen jejodhoan sing ketemu padha rolase manut pitungan Jawa yaiku tiba “rampas” kang ora becik kanggone wong omah-omah. Anik banjur mundur alus maneh lan ora  ngerespon rayuan gombal saka usman. Suwe-suwe Anik pedhot kalihan Usman. 
            Banjur kelas 3 SLTA Anik ditaksir kalihan cowok saka desa liya. Ora ngalor-ngulon lan weton uga ora padha. Jenenge Jaenuri, Jaenuri iku lulusan sarjana jurusan ekonomi. Nanging banjur ditakokake bapak-ibune ora cocog amarga aksara wiwitan sing dadi jenenge bocah loro kuwi bedha. Miturut etungan Jawa, jeneng Anik iku aksara wiwitane “ha”, dene Jaenuri “ha”. Utawa sing uga becik yaiku sak kelompok kayata “ha na ca ra ka” nanging Anik kuwi bedha. Saka “ha” nyebrang nang “ja”. Anik banjur takon yen diterjang ono masalah nopo ora. Ibu ne ngendhika yen diterjang ora apa-apa nanging kudu kuwat lan tabah nglakoni. Amarga yen nyebrang bakal tansah beda panemu wae. Anik banjur mundur alus ninggalakake Jaenuri.
            Bareng wis kuliah Anik dicedhaki lanang kang serius karo Anik, Jenenge Anton. Umure Anik 22 tahun yen Anton 21 tahun nanging Anik mikir yen Anton pikiran uga dewasa padha kaya Anik. Bapake takon marang Anik sapa jeneng pacare. Anik mung bisa njawab jujur yen jeneng pacare Anton lan njelasno yen omahe ora kalebu kategori ngalor-ngulon lan wetone paing. Ibune langsung morang-moreng ngendhika yen weton wage aja nganti oleh paing.  Anik krungu ngendhikane ibune kuwi atine saya lara. Mene esuk e ibune ngendhika marang Anik yen wage kalihan ing ora isa dinyang banjur ngutus Anik wurungna jejodhoan karo Anton kuwi. Anik banjur nangis keranta-ranta lan ngenteni jodhone maneh.

Pepeling : 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ringkesan cerita