Ringkesan cerita

Ringkesan cerita legenda bawang abang lan bawan putih saka "Dongeng & Cerito Nusantara


Judul : Bawang abang lan bawang putih
Penerbit : karunia jaya
Panggonan terbit : Surabaya
Ringkesian :
            Jaman bien kuna ana ing sawijining desa urip sakaluarga rama,biyung lan cah ayu arane bawang putih. Kaluarga mau dadi kaluarga bagyo. Nalika ramane bawang putih mung dagang. Nanging sawijining dina biyunge bawang putih ninggal dunia.Bawang putih lan ramane uga sedih. Ing des alia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang abang. Sauwise biyunge Bawang putih mati biyunge bawang abang kerep maring umahe Bawang putih. Biyunge sering nggowo panganan, rewangi Bawang putih resik-resik omah utawa ngancani Bawang putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang putih mikir yen luwih apik mbojo karo biyunge Bawang abang supaya Bawang putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang putih mbojo karo beyunge Bawang abang. Mulane beyunge Bawang abang lan Bawang abang apik karo Bawang putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang putih lan menehi penggawean kang abot. Bawang putih sadurunge subuh kudu tangi kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang abang lan biyunge. Sawijining ramane Bawang putih lara lan ninggal dunia mulai wektu iku Bawang abang lan biyunge semena-mena karo Bawang putih.
            Esuk iki Bawang putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali gede. Ing kali gede Bawang putih banjur ngumbah klambi. Nanging Bawang putih kesupen, klambi abang senengane bawang abang kintir ing kali. Bawang putih banjur mlayu ngejar lan nyusuri kali. Bawang putih ora nemu banjur putus asa. Bawang putih moleh lan ngendika Bawang abang yen klambine kintir kali. Bawang abang ora terima Bawang putih banjur dikongkon nggoleki lan ora oleh mulih yen ora ketemu. Bawang putih uga nggoleki kanthi teliti. Saben oyot lan ing pinggiran digoleki karo Bawang putih nanging ora nemu. Srengenge wis ning nduwur nanging tetep ora nemu. Banjur hampir wengi Bawang putih ketemu kalihan omah padang ing pinggir kali. Bawang putihbanjur marani lan takon yen Bawang putih iso numpang nginep. Bawang putih uga takon klambi abang sing kintir ing kali. Mbah sing nduwe omah nemu klambine iku nanging yen pingin nggowo balik kudu nginep lan ngrewangi simbah seminggu lawase. Bawang putih gelem lan nglakoni sing dipingin simbah. Bawang putih  ngrewangi resik-resik lan makani kewan ternak. Sampun seminggu Bawang putih ing omahe simbah banjur simbah menehi Bawang putih pilihan kepingin waluh cilik utawa waluh gedhe. Bawang putih ora gelem nanging tetep dipaksa simbah, akhire Bawang putih milih waluh cilik wae amarga ora kuat nggowo sing gede.

            Bawang putih banjur mulih lan sawise nang omah Bawang putih mbelah waluh pewenehane simbah. Bawang putih kaget amarga isine waluh iku emas intan lan perak. Bawang abang krungu jeritane Bawang putih. Bawang abang lan biyunge banjur marani lan takon kepriye Bawang putih iso entok waluh iku. Bawang mung bisa crita apa  anane. Bawang abang banjur marani omah pinggir kali lan nginep ing simbah. Nanging Bawang abang males-malesan lan yen resik-resik omah ora tau resik uga yen ngrewangi simbah ora pernah bener. Akhire wes seminggu Bawang abang nginep ing omahe simbah. Bawang abang nagih hadiah e. Bawang abang milih waluh sing gede. Bawang abang lan biyunge banjur mbukak waluh iku nanging ora emas ing jerone nanging kewan-kewan kang mbembayani kayata kalajengking ula lan liya-liya ne. Bawang putih wektu iku diutus metu kalihan biyunge Bawang abang tumbas beras. Dadine Bawang putih ora mati amarga kewan kewan ing njero waluh kuwi. Bawang abang lan biyunge mati dipangan kewan-kewan kang mbebayani ing waluh kuwi amarga serakah.

Pepeling: 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ringkesan cerita